Dasar bocah usil apa bae bisa nggo gawe alat.dina minggu kue Bino bar met rambanan nggo si Bintang bandot tuane sing mambune prengus nemen.Pas weruh umah tawon ning wit klapa usile kambuh.Pikulan sing ana rambanane di dudut nggo nyogoki umah tawon gowok.
"Ngiung...Ngiung...Ngiung..."
Karuan bae ana sepuluh tawon sing nguwel ning rambute bino.Tapi terlambat ana tawon loro sing wis nempel ning lambe karo batuk cunonge.Penulis bingung nggambarena keadane Bino saat pas diantup tawon gowok.
"Ampuuuuuuun."
Bino mlayu sakenane nggo nginggati kejaran tawon gowok sing esih katon ngejar,Rambanane katon murak-marik ning dalan.Endas bagole ndean puyeng nemen dinatup tawon sepuluh.Wis wingi barditolak cintane ding Warni malah saiki diantup tawon.apes nemen dina minggu kiye nggo Bino.
Mbengi-mbengine Bino katon glasahan ora karu-karuan ana njiplong,ngatang-ngatang,miring kayane hawane ora kepenak.Ndean lara ati karena ditolak warni lkalah ding larane diantup tawon gowok sepuluh.
Bino sing sering ngece sukri raine kaya walang goda,saiki ora wani ngaca.soale Bino ngerti Raine luwih jelek sing rai walang goda.Sampe jam rolas bengi Bino esih glasahan ora karu-karuan.Mata indah bola pingpong sing sering di banggkena saiki ora katon gara-gra raine melar kabeh.
Hampir seminggu Bino ora mlebu sekola,ndean isin karo sukri sing unggal dina diece.Pas jam sepuluh awan ana lima kanca kelase teka maring umahe bino mbari nggawa Duren,Salak(POP CORN)kro susu kalengan cap "nona nggambleh"
Bino sing weruh Sukri langsung salaman njaluk kumpura.
"Kri njaluk kumpurane yah Nyong sering ngece ko kaya walang goda."
"Ora papa No,lagian nyong durung tau weuh Walang goda."
"???????????"
"aduh ya wis kapan-kapan gelem ora ngalas walang goda mumpung lagi mangsan."
"Ora lah mbokan raine walang goda pada karo raine ko saiki."
"Huh gajogan Nyong njaluk kumpura.Ora ngumpura malah ngece."
"JANGANLAH KALIAN BUKA AIB SAUDARAMU KARENA MUNGKIN SAUDARAMU ITU LEBIH TUHAN CINTAI KARENA KEIMANANNYA"
Rabu, 11 November 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
aan kon gawe blog ceritane asik banget sih lucu.maju terus bloger aan mampir yah
BalasHapus