Rabu, 11 November 2009

TRAGEDI KLONENGAN

Dina minggu pasar sing biasane sepiawan kue rame banget.Mambu campr-campur mulai krasa nyampe maring cungure sapa bae sing saat kue ora lagi pilek.Ana mambu petek,terasi,runtah sing numpuk sepinggir pasar dadi pemandangan biasa.Jasa angkutan ya akeh nemen.Ana becak,angkot,tukang ojek,kuli panggul wis siap-siap nein servis sing paling apik nggo pelanggane.Sing paling katon nyolok tukang bcake katon enom kabeh.Ndean kue salah siji prsaingan sing berlaku ning pasar.Ma,lim bae tukang ojegge wis madan tua-tua.
"Becak Mba..?"
Salah siji tukang becak nawarena jasane maring muda-mudi sing kaon kabotan nggawa barang-barange.Sawise barang-barange munggah karo penumpange,tukang becak langsung nggenjot becake.Saking ngebute penumpang becak katon mringis-mringis kegilanen weruh tukang becak nggawa becake ngebut kaya setan.Lah penumpang sing ngerti pasti ora gelem numpak becak sing reme di gawe nggo sandal jepit.
"Mas,daneng sandal jepite gari setengah.Nggo gawe sumpel pedasan yah..?"
"Oh,nggo gawe rem becak mas."
"???????????"
Penumpang nembe sadar nek rem becak sing lagi ditumpaki gawene kanggo sandal jepit.Tukang becak terus nggenjot becake.Kringet katon mili ning raine.Penumpang sing lagi asik pacaran ora medulikena tukang becak sing maning-manibg ngelap kringete dewek nggo anduk sing madaan tritipen.Pas ning dalan rata penyakite tukang bcak kambuh.Jiwa mudane muncul maning.Sakuat tenaga becake di genjot sampe-sampe kecepatane ngluwihi ambulan sing nggawa mayit.
Sementara penumpange sing lagi asik pacaran cuek weruh tukang becak sing nggawa becake ugal-ugalan.Weruh keadaan sing aneh meneng-meneng tukang becak ngintip.Saat kuwe juga tukang becak kaget setengah mati.Dasare nesih enom setrume tangi weruh kejadian sing dilakoni penumpange.
PENASARAN...karo tukang becake sing bar weruh apaan sing dilakukena ding penumpange..???
Gampang ngko takon langsg karo tukang becake nek ceritane wis rampung...
LANJUT CERITANE....
"aWASSSSSSSSSSSSSSS.."
Tukang becak sing kaget langsung ngerem becake.Tapi sial becake ora gelem mandeg.
"Brukkkkkkkk."
Becak sing lagi ngebut nabrak klonengan sepur.Karuan bae penumpange langsung keurugan becak sing kation ngatang-ngatang ning tengah dalan sepur.Sementara tukang becake katon nyangkol nig klonengan sepur mbari mringis-mringis.Ban buru becake esih katon muter.Mbari mrangkang,tukang becak maring becak sing esih nggletak ning tengah dalan sepur.Penasarane muncul,bisane becake direm ora gelem mandeg.Pas weruh reme entek dikrikiti tikus tukang becak nembe kemutan.Mbengi kue pas sadurunge ndandani rem deweke nembe mangan Kmpit cuma urung sempet ngumbahi tangane keburu nyekel rem sing i gawe sing sandal jepit.Karuan bae rem sing digawe sing sandal jepit wengi kue digrumut tikus...???????
Yahhhhhhh Begitulah ceritane tukang becak sing madan teledor.Ndean nek mangan kempit bagi-bagi karo tikus kejadiane ora kaya kue...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar