"No,sebenere dukun sapa bae sing wis ko tekani..?"
"Ana dukun anak,dukun,pijit,dukun santet,dukun kemat...?"
"Akeh temen sihhhhhhh...Tapi masalahe ko apa..?"
"Sebenere masalahe Nyong kue ragu bae apa Inda seneng karo Nyong apa belih...!"
"Wahhhhhhhhh...dasar repot angger lagi jatuh cinta.Lah kadang-kadang kaya Bino kue.Masa ora wani ngomong seneng kariInda tekane karo dukun beranak..."
Dimas madan mikir-mikir mbari ngupil.Mbuh ta upile kena apa ora,tapi dasar kenikmatan tersendiri nek ngupil olihe akeh.
"Nah Bin,ko kemutan TEKEK ora...?"
"Lah bisane ujug-ujung anjoge TEKEK...Mas.?"
"Ko kemutan mbok pas gemiyen Ratno bingung nembak Lastri...?"
"Tapi nggolet TEKEKE nang endiiii...Ko mbok saiki ngerti krungu TEKEK moni bae wis beruntung banget...."
"Ah,nang kebone Nyong esih sering krungu.Kapan ko ana waktu..."
"Sacepate,saiki ya kena.NYong wis bener-bener ora bisa turu gara-gara masalah kue."
"Ya wis...tapi NYong ganti kolor disit yahhhh...."
"Ya ora suwe yahhhhh."
"Sip..."
Pirang menit Dimas metu nggo kolor sing madan-madan kendor.
Dimas karo Bino mlaku nglewati kali,galengan,lostrong sing biasa nggo liwat Kebo.
"Hup..."
"Ana apa Bin...?"
"Krungu sesuatu ora?"
"Ya Bin cuma apa yahhhhhh...?"
"Dienteni bae."
Pirang menit Bino karoDimas meneng nang glontoran.Bocah loro kaget pas ngerti sing mlayu kue Celeng....
"celeng...."Bino njerit saolihe
Dimas sing krungu langsung nggantung ning oyod kayu cecek.Raine dimas ndadak dadi pucat weruh celeng gede-gede nemen....
"Aduh ampun Bin,padahal Nyog ora pengi weruh celeng sing ke dua kaline mening..."
"Hahahaha....Pasti Ko kemutan pas ngapel karo Nyong papagan karo celeng ning PEjaten."
Sawise Bino karo Dimas tenang bocah loro langsung mlaku maning.Pirang menit kemudian Bino karo dimas nyampe kebone Dimas sing isine alang-alang karo riut.
"Wah pantes Mas,nang kene akeh celenge.."
"Bisane?"
"Lah kebone ko akehbanget SUDUNGE
"Ya wis aja suwe-suwe yah!"
"Tergatung TEKEKE monine cepet apa ora."
Sawise ngomong tiba-tiba suara TEKEK moni.Kontan Bino langsung ngetung.
"Cinta...Tidak...Cinta...TiDak...Cinta...Tidak...Cinta..."
Bino langsung mletik-mletik kesenengen sawise etungan terahire olih cint.Saking senenge Bino ora sadar nerak Sudung celeng sing lagi ngiring anak wolung gluntung.otomatos Bino langsung kaget werung celeng sing lagi ngiring ngamuk ngejar Bino kao Dimas.Kontan bocah loro mlayu sewawan-wawan neraki galengan song isine wit bodi.Sawise nang tempat aman bocah loro mandeng ngos-ngosan kakeselen.
Wengi-wengi Bino nekani umahe Inda nggo ngomongena prasaane Bino maring Inda.
"In,olih ra Nyong ngomong sesuatu."
"Ngomong bae emange arep ngomong apa...?"
"Jujur sabenere Nyong wis pengin banget ngomong karo kowe.."
"Iya ngomong bae..."
"Kaya kiye IN,sabenere Nyong seneng nemen karo ko.."
"HAaaaaaaaaa...Seneng karo Nyong...?"
"Iya ana sing salah."
"Ora ana sih,cuma ko gelem ora ngetung monine Tekek sing biasa krungu ning umahe Nyong."
"OK...."
Pirang meni bocah loro meneng.Hampir jam snga tapi Tekek sing dimaksud Inda ora moni-moni.Pas Bino arep balik tiba-tiba tekek moni...
"Cinta...Tidak...Cinta..."
Bino langsung mletik kesenengen ora karu-karuan.Inda sing weruh sipate Bino gemuyu ngakak.
"No...Bisan ko gelem bae tak prentah ngetung monine Tekek..."
"Karna Nyong yakin ko kuwe seneng karo Nyong."
"Bin,sebenere ora lewat monin Tekek Nyong Wis seneng ko awit esih SD."
"beneran bisane ora ngomong..."
"Soale tiap ngetung suarane Tekek pasti tibane Tidak,makane nyong mendem perasane Nyong."
"Ya wis mulai saiki,aja ana cinta Moyet maning,saiki anane cinta Tekek..."
YAHHH kue cerita BIno sing rela nggoleti cintane lewat suara TEKEK...Muga-muga bae aja ana cinta kancing petet.MAksude aja nggolet cinta ngetungi kancing klambine dewek...KAKAKAKA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar