Yah ndean kiye sing arane cinta prtama.Esuk,awan,sore,bengi sing ana ning otake Bino cuma raine Siti.Aja kaget kiye cerita jaman bahola sing durung ana HaPe.Lah arep ketemuan bae kangelane luar biasa.Usah lelangen ning glontoran karo nerak-nerak alas sing isine riutkaro rispoh.Bisa dibayangena pas nyampe umahpacare dudu bermesraan tapi malah mringis-mringis nahan lara pas riut sing nunjeb ning kempole Bino sing madan jembrong di duduti.
"No,ko bisa rela nglakukena kie kabeh nggo nyong."
"Ti sing arane cinta ngudu rela nglakukena apa bae.Kie durung apa-apa karo perjuangane nyong pas nggolet buah kesemek sing kecute dunia aherat ora ketulungan."
"maksude apa Bino."
"Saiki larane cuma murug riut karo murug rispoh.Wingi pas nggolet buah kesemek hampir Nyong ketabrak celeng sing lagi ngiring anak sangang gluntung."
"Bisane ora pernah cerita.?"
"Cukup nggo Nyong bae cerita sing lara-lara.Nyong pengin Siti ngerti manise bae."
"Ya Allah,jelek-jelek kaya kiye mulia juga atine."
"Kyeh Ti,ning dunia ngudu ana keseimbangan.Aja kana-kana Gagaah apa ayu ora due ati blabar plotas."
"Iya nding.Nyong sing cakep ngudu bersukur ternyata ana sing luwih hancur dri pada Nyong."
"Bagus ti cuma sapa sing luwih jelek ketimbang ko?"
"Kowe bin,Tapi aja kawatir cintane Nyong ora bakal luntur."
Ahire Bino karo SIti rangkul-rangkulan.Bino sing esih katon mringis -mringis sangat menikmati rangkulane Siti sing kenceng nemen.Terharu ngerti Bino cinta karo sayang banget karo siti...
Rabu, 11 November 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar