Rabu, 11 November 2009

MY NAME IS KEVIN

Wengi minggu dirasakena sepi ding Bino.telung prapaan wis diputeri tapi ora ana bocah blabar plotas.
"Bisane sepi temen.Ngudu di goleti sebabe kyeh."
Bino nbeli bocah sing biasa mangkal ning telung prapatan.tapi ora ana siji kancane sing ngangkat.
"Itil pitik,bisane ora ana sing diangkat."
Pas lagi kesel-kesele liwat Tikno nggo motor astrea 800 sing wis di permak luar dalam.
"HUUUUUUPPPP...Areo maring endi No?"
"Arep nonton layar tancep."
"Ngerti ora bocahan pada maring endi?"
"Wis pada nonton ndisiti."
"Asu edan,pasti lagi disit-disitan ngenani Reva anake tslim tukang tambal panci."
Suasana ning lapagan ternyata wis rame.sedalan-dalan isine boah mojok,ana sing mojok ning glontotan,ana sing mojok ning ingsor wit semboja.Ma,lum bae tempat layar tanjebe ning pejaten sing akeh banget kuburane."Ning parkiran Bino weruh bocah wadon sig madan narik atine.Nganggo keberaniane Bino mereki bocah wado sing lagi dolanna hape.
"Eheeeeeeem...Ko dewekwn."
"IYa lagi nunggu kancane."
"Olih kenalan ora."
Bocah wadon sing lagi dolanan HaPe kur mangguk mbari nrima uluran tangane Bino.
"Kevin."
"Desi."
Hampir pirang detik Bino salaman laro Ita.Pas lagi asik-asike deleng-delengan tikno ning mburi ngungdaang Bino.
"Bino,lagi apa sihhhhhh..?"
Ngrungu Tikno ngundang arane rosa banget raine bino langsung abang keisinen karo ita.
"Asu edan,ana apa sih.dijaga congore ari ngundang wong."
"Ana apa kie....????"
"Ana apa... ana apa nyong miki lagi kenalan."
"Apa hubungane?"
"Nyong miki lagi kenalan,cuma arane Nyong tak ganti Kevin."
"Kenalan karo sapa No...?"
"Kae karo bocah sing ;agi njagong ning motor."
sawise weruh bocah sing dimaksud Bino Tikno langsung gemuyu ngakak.
"Ha...karo tanggane dewek bae kenalan.Pasti ngakune Desi yah...?"
"Bisane Ko ngerti."
"Ngerti lah kae kan aran asline Daunah."
"APaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa......."
Bino mangap amba nemen ngluwihi cangkeme kuda nilll.sing luwih gawe Bino kesel Pas Bino ngerti Bahwa Daunah kue anake bakul merang sing umahe entut-entutan karo umahe dewek....
HAHAHAHAhAha...Tukang kibul dikibuli.Melas temen yakin,nek nyongta langsung nginum Obat tikus saking isine...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar