Rabu, 11 November 2009

WURU KECUBUNG

"Eha,karo surat kiye nyong arep ngomong karo Ko.Ndean tlung wulan maning Nyong nembe bisa balik.Nang kene gepukane esih akeh nemen."
Sawise maca surat sing Bino Eha langsung mlayu sakentrang-kentrang ora kemutan keramike bar dipel.
"Brughhhhh.."
Eha katon ngatang-ngatang ning keramik.Eha kepleset ning kramik sing esih teles.Mbari mlku nyengir-nyengir Eha langsung mbanting awake sing madan gendut ning kasur.Eha katon nangis mulak-malik.ana njempling,ngatang-ngatang,nglabrug hawane kayane ora enak.
esuk-esuk matane Eha katon mbendul-mbendul.Nek penulis olih ngintip ndean nangise kaya wedus sing nembe di ketet.Kasure mudal-madil ora karu-karuan.
nang arep umah Eha njagong dewekan mbari ndeleng kembang sing mulai pada kembang.Eha katon nyengir pas weruh Wit boledsing ana ning arep umahe.Pas Bino dolan maring umahe Eha,Mamake Eha nein Bino Boled rawun.Bino sing wengi kue katn kalesunen langsung mangan boled telu sekaligus.
"Khikkkkk...Khikkkkk..."
Bino sing lagi mangan boled katon nglegeg-nglegeg kasereten.Matane katon mendelik ora kuat nahan ambekan sing ora bisa mlebu gara-gara kerapetan boled.
Weruh Bino sing lagi nglegag-nglegeg Eha lsnsung mlebu njikot banyu.
"Hampir bae ora sida kawin."
Yah kue cerita terahir pas Bino arep ning Malaysia.
Minggu berikute surate Bino teka...
"Eha,ngesuk Nyong teka.tulung siapena masakan sing paling tak senengi.BRUTU TUMIS KERING.aja kelalen tambah terong jawa."
Sawise maca surat sing Bimno Eha langsung gemuyu ngakak.Eha kemutan pas gawe rwsep BRUTU TUMIS KERING dicamour karo kecubung sing dikira Eha terong jawa.Ma,lum Bino sing nandur cuma sing eruh buahe Eha.Karuan bae seminggu Bino Nggletak ngoceh pirang-pirang.Sing luwih parah [as diurut ning dukun.cangkeme dukun mulai ngoceh ngalor ngidul njaluki rokok anbang-iji,menyan bakar,es rawun.
"Wekkkkk....."
Wis jelas wuru kecubung nesih dikira kesambet ning kebon pring pas Bino kepesing bar nguber manuk buwek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar