Bino sing awan kue katon nglemperuk kaya ingon-ingone,ana bebek,ayam,deruk,buwek.Ma,lum bae lagi musim udan.Toli dasare ldina kue lagi dina minggu,dadi kegiatane mangan turu-mangan turu tok.Ditambah kegiaatan rutine Bino sing tongkrong ning WeCe nganti jam-jaman.
Pas jam telu sore Bino tangi ngrungu sepeker TOa sing moni rosa nemen.Pas adane sampe.....(penulis kelalen.tapi sing artine mencapai kemenangan)Bino ndadak kaget.
Bino nembe kemutan sore kiye ana pertandingan bal-balan.Bar adus,ngaca,dandan,nggo kolor,sepatu ADUNDAS,Minyak wangi cap telon mbok bae mutah ning dalan.Ma,lum bar mangan mie mbok digawa mlayu metu kabeh.
Ning pos kamling sing dadi tempat janjian bocahan wis nunggu.Ning sedawaneng dalan bocahan mau nembang sakepenake dewek.Padahal bocah telulas kue suaarane mundel kabeh.Yah ma,lum ngakune penyanyi pos kampling nembange sorak-sorak bergembira.Mbuh ta pertandingane engko menang apa kalah.Ndean time Bino nyekel moto"BERSENANG-SENANG DAHULU KALAH MENANG URUSANE SING NING DUWUR."
Bino yajkin menang soale wis olih jimat sing dukun yasitu ARI-ARI kucing.Bino nyampe kerah karo mboke kucing rebutan ari-ari mau.Karuan bae Bino raine rowak-rawek ora nggenah.Kaya umpama raine bino wis kusam,mbundel kaya bsenar gelasan sing biasa di gawe Bino nggo dolanan layangan.
Sawise nyampe lapangan Bino karo time nglakukena pemanasan.Ana sing kayang,tarik-tarikan kolor,malah sing luwih parah bocahan pafda dolanan gantungan ning gawang sing terbuat dari Pring enom.
"Prit...Prit...Prit..."
Wasit ndemon pripitane nyampe munyuk-muyuk ora ketulungan.Ndean pripitane bebel mbuh ana corone.
Sawise nein cuap-cuap ngalor ngidul wasit mrentah kapten tim maju.Bino karo tim lawan maju.
Wasit madan bingung nggoleti koin sing biasa dinggo tos.
"Maaf mau koine kelalen tak nggo anake tuku jajan.Ya wis manual bae."
SUt-SUtan di lakukena bolak-balik sampe wasite bingung.Bisane awit mau ora ana sing menang-menang.Pas wasit ndeleng tangane Bino wasit gemuyu ngakak.
"Oh.....Tangane kuter.Pantes ora ana sing menang."
Bino mesem tok.Jentike Bino sing lima Kuter kabledugan mercon pas bada wingi.
Pertandingan dimulai bal-balan katon rame pas kedudukan 7-8 Ternyata time Bino unggul.Pas menit 70-an permainan madan kasar.pemain wis mari adu skill tapi wis menuju adu sikil(BECURANG)
Bino sing weruh maning-maning time bolak-balik ngganti pemain langsuing mrentah wasit mandegena pertandingan.
Pas dideleng siji-siji sikile lawan wasit nggeleng-nggelengena ndase sing madan bagol.mbuh kaboten ndas apa ora percaya karo sing di deleng ninbg lapangan.
Bino ya kaget ternyata sing dipasng ning bencurang dudu tulang kering tapi PARUDAN KLAPA.Karuan bae bencurang time bino pada melar.Ndean dendam kesumat tim lawan wis nyampe ubun-ubun.Makane nggo mbalas dendan tulang rawan sing di enggo dudu sing umum tapi PARUDAN BODIN...
KASUS...KASUS...
Sji-siji pemain mau sdi kartu merah.sing selamat cuma kipere tok.Pas salaman wasit kaget nyampe njentrik.Ora pan kaget sing endi ning sarung tangane isine paku tretep.Karuan bae bal sing bar dicekel kiper mau maning-maning bocor...
Senin, 16 November 2009
Rabu, 11 November 2009
RAI WALANG GODA
Dasar bocah usil apa bae bisa nggo gawe alat.dina minggu kue Bino bar met rambanan nggo si Bintang bandot tuane sing mambune prengus nemen.Pas weruh umah tawon ning wit klapa usile kambuh.Pikulan sing ana rambanane di dudut nggo nyogoki umah tawon gowok.
"Ngiung...Ngiung...Ngiung..."
Karuan bae ana sepuluh tawon sing nguwel ning rambute bino.Tapi terlambat ana tawon loro sing wis nempel ning lambe karo batuk cunonge.Penulis bingung nggambarena keadane Bino saat pas diantup tawon gowok.
"Ampuuuuuuun."
Bino mlayu sakenane nggo nginggati kejaran tawon gowok sing esih katon ngejar,Rambanane katon murak-marik ning dalan.Endas bagole ndean puyeng nemen dinatup tawon sepuluh.Wis wingi barditolak cintane ding Warni malah saiki diantup tawon.apes nemen dina minggu kiye nggo Bino.
Mbengi-mbengine Bino katon glasahan ora karu-karuan ana njiplong,ngatang-ngatang,miring kayane hawane ora kepenak.Ndean lara ati karena ditolak warni lkalah ding larane diantup tawon gowok sepuluh.
Bino sing sering ngece sukri raine kaya walang goda,saiki ora wani ngaca.soale Bino ngerti Raine luwih jelek sing rai walang goda.Sampe jam rolas bengi Bino esih glasahan ora karu-karuan.Mata indah bola pingpong sing sering di banggkena saiki ora katon gara-gra raine melar kabeh.
Hampir seminggu Bino ora mlebu sekola,ndean isin karo sukri sing unggal dina diece.Pas jam sepuluh awan ana lima kanca kelase teka maring umahe bino mbari nggawa Duren,Salak(POP CORN)kro susu kalengan cap "nona nggambleh"
Bino sing weruh Sukri langsung salaman njaluk kumpura.
"Kri njaluk kumpurane yah Nyong sering ngece ko kaya walang goda."
"Ora papa No,lagian nyong durung tau weuh Walang goda."
"???????????"
"aduh ya wis kapan-kapan gelem ora ngalas walang goda mumpung lagi mangsan."
"Ora lah mbokan raine walang goda pada karo raine ko saiki."
"Huh gajogan Nyong njaluk kumpura.Ora ngumpura malah ngece."
"JANGANLAH KALIAN BUKA AIB SAUDARAMU KARENA MUNGKIN SAUDARAMU ITU LEBIH TUHAN CINTAI KARENA KEIMANANNYA"

MY NAME IS KEVIN
Wengi minggu dirasakena sepi ding Bino.telung prapaan wis diputeri tapi ora ana bocah blabar plotas.
"Bisane sepi temen.Ngudu di goleti sebabe kyeh."
Bino nbeli bocah sing biasa mangkal ning telung prapatan.tapi ora ana siji kancane sing ngangkat.
"Itil pitik,bisane ora ana sing diangkat."
Pas lagi kesel-kesele liwat Tikno nggo motor astrea 800 sing wis di permak luar dalam.
"HUUUUUUPPPP...Areo maring endi No?"
"Arep nonton layar tancep."
"Ngerti ora bocahan pada maring endi?"
"Wis pada nonton ndisiti."
"Asu edan,pasti lagi disit-disitan ngenani Reva anake tslim tukang tambal panci."
Suasana ning lapagan ternyata wis rame.sedalan-dalan isine boah mojok,ana sing mojok ning glontotan,ana sing mojok ning ingsor wit semboja.Ma,lum bae tempat layar tanjebe ning pejaten sing akeh banget kuburane."Ning parkiran Bino weruh bocah wadon sig madan narik atine.Nganggo keberaniane Bino mereki bocah wado sing lagi dolanna hape.
"Eheeeeeeem...Ko dewekwn."
"IYa lagi nunggu kancane."
"Olih kenalan ora."
Bocah wadon sing lagi dolanan HaPe kur mangguk mbari nrima uluran tangane Bino.
"Kevin."
"Desi."
Hampir pirang detik Bino salaman laro Ita.Pas lagi asik-asike deleng-delengan tikno ning mburi ngungdaang Bino.
"Bino,lagi apa sihhhhhh..?"
Ngrungu Tikno ngundang arane rosa banget raine bino langsung abang keisinen karo ita.
"Asu edan,ana apa sih.dijaga congore ari ngundang wong."
"Ana apa kie....????"
"Ana apa... ana apa nyong miki lagi kenalan."
"Apa hubungane?"
"Nyong miki lagi kenalan,cuma arane Nyong tak ganti Kevin."
"Kenalan karo sapa No...?"
"Kae karo bocah sing ;agi njagong ning motor."
sawise weruh bocah sing dimaksud Bino Tikno langsung gemuyu ngakak.
"Ha...karo tanggane dewek bae kenalan.Pasti ngakune Desi yah...?"
"Bisane Ko ngerti."
"Ngerti lah kae kan aran asline Daunah."
"APaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa......."
Bino mangap amba nemen ngluwihi cangkeme kuda nilll.sing luwih gawe Bino kesel Pas Bino ngerti Bahwa Daunah kue anake bakul merang sing umahe entut-entutan karo umahe dewek....
HAHAHAHAhAha...Tukang kibul dikibuli.Melas temen yakin,nek nyongta langsung nginum Obat tikus saking isine...

ARANE GEN CINTA 2
sing arane cinta jere ngudu rela nglakukena apa bae demi ketemu karo pujaan hatine.Hal kue juga sing dilakukena Bino pas arep ngapel maring Diva.Nganggo sempor lenga tanah Bino mlaku nglewati kali sing mambune luar biasa.Ma,lum saat kue lagi musim terang dadi sering dinggo jamban umum ding wong sadesa.Pas arep sampe obore Bino mati kedemon barat.Pas tekang arep umahe Diva Bino kaget pas dandang karo ceret mabur maring Bino.Yah ning dunia luar ngkasa ana istilah piring terbang.Tapi ning dunia ana istilah dandang,ceret mabur.
"Dasar wong lanang nambal dandang bocor bae ora teyeng."
Waduh,,,bisa-bisa gara-gara dandang bocor akeh sing pada cerai...Tapi lumayan rangdane ding...
Pirang menit Bino ngumpet ning buri leneng umahe Diva.Saking panike Bino ora sadr njagongo wit kaktus.Karuan bae Bino kedak-kedik kegatelen dicampur perih.Pas mastikena suasanane aman Bino mlebu maring umahe Diva.
"Eh No kebetulan bantu Nyong No mberesi barang-barange nyong."
Terpaksa rencana ngajak Diva nonton gagl gara-gara bar ana perang dunia ke papat.Bino katon madan sugkan mbantu Diva mberesi barang-barang sing pating nggletak ning pojkan ruang tamu.Pas bini ndeleng maring duwur Bini gemuyu weruh BeHa nyangkol ning kipas angin melu muter-mute.
"Pantes bukane sejuk malah panas.Trnyata kue penyebabe..."
Bino njukut sapu nggo nyengget BeHa sing madan tritipen...
Sawise mberesi kabeh Bino diwein ngerti sbabe.ternyata Bapane Diva kecanduan togel.Ora pan kecanduan sing eni soale togel patang angkane tembus pas takon karo wong edan sing wingi br mati kendat...
Aduhhhhhhh...BUAT SEMUANYA AJA PERNAH MEREKI JUDI.ORA ANA WONG SING SUGIH DING JUDI.

WURU KECUBUNG
"Eha,karo surat kiye nyong arep ngomong karo Ko.Ndean tlung wulan maning Nyong nembe bisa balik.Nang kene gepukane esih akeh nemen."
Sawise maca surat sing Bino Eha langsung mlayu sakentrang-kentrang ora kemutan keramike bar dipel.
"Brughhhhh.."
Eha katon ngatang-ngatang ning keramik.Eha kepleset ning kramik sing esih teles.Mbari mlku nyengir-nyengir Eha langsung mbanting awake sing madan gendut ning kasur.Eha katon nangis mulak-malik.ana njempling,ngatang-ngatang,nglabrug hawane kayane ora enak.
esuk-esuk matane Eha katon mbendul-mbendul.Nek penulis olih ngintip ndean nangise kaya wedus sing nembe di ketet.Kasure mudal-madil ora karu-karuan.
nang arep umah Eha njagong dewekan mbari ndeleng kembang sing mulai pada kembang.Eha katon nyengir pas weruh Wit boledsing ana ning arep umahe.Pas Bino dolan maring umahe Eha,Mamake Eha nein Bino Boled rawun.Bino sing wengi kue katn kalesunen langsung mangan boled telu sekaligus.
"Khikkkkk...Khikkkkk..."
Bino sing lagi mangan boled katon nglegeg-nglegeg kasereten.Matane katon mendelik ora kuat nahan ambekan sing ora bisa mlebu gara-gara kerapetan boled.
Weruh Bino sing lagi nglegag-nglegeg Eha lsnsung mlebu njikot banyu.
"Hampir bae ora sida kawin."
Yah kue cerita terahir pas Bino arep ning Malaysia.
Minggu berikute surate Bino teka...
"Eha,ngesuk Nyong teka.tulung siapena masakan sing paling tak senengi.BRUTU TUMIS KERING.aja kelalen tambah terong jawa."
Sawise maca surat sing Bimno Eha langsung gemuyu ngakak.Eha kemutan pas gawe rwsep BRUTU TUMIS KERING dicamour karo kecubung sing dikira Eha terong jawa.Ma,lum Bino sing nandur cuma sing eruh buahe Eha.Karuan bae seminggu Bino Nggletak ngoceh pirang-pirang.Sing luwih parah [as diurut ning dukun.cangkeme dukun mulai ngoceh ngalor ngidul njaluki rokok anbang-iji,menyan bakar,es rawun.
"Wekkkkk....."
Wis jelas wuru kecubung nesih dikira kesambet ning kebon pring pas Bino kepesing bar nguber manuk buwek.

ARANE GEN CINTA
Yah ndean kiye sing arane cinta prtama.Esuk,awan,sore,bengi sing ana ning otake Bino cuma raine Siti.Aja kaget kiye cerita jaman bahola sing durung ana HaPe.Lah arep ketemuan bae kangelane luar biasa.Usah lelangen ning glontoran karo nerak-nerak alas sing isine riutkaro rispoh.Bisa dibayangena pas nyampe umahpacare dudu bermesraan tapi malah mringis-mringis nahan lara pas riut sing nunjeb ning kempole Bino sing madan jembrong di duduti.
"No,ko bisa rela nglakukena kie kabeh nggo nyong."
"Ti sing arane cinta ngudu rela nglakukena apa bae.Kie durung apa-apa karo perjuangane nyong pas nggolet buah kesemek sing kecute dunia aherat ora ketulungan."
"maksude apa Bino."
"Saiki larane cuma murug riut karo murug rispoh.Wingi pas nggolet buah kesemek hampir Nyong ketabrak celeng sing lagi ngiring anak sangang gluntung."
"Bisane ora pernah cerita.?"
"Cukup nggo Nyong bae cerita sing lara-lara.Nyong pengin Siti ngerti manise bae."
"Ya Allah,jelek-jelek kaya kiye mulia juga atine."
"Kyeh Ti,ning dunia ngudu ana keseimbangan.Aja kana-kana Gagaah apa ayu ora due ati blabar plotas."
"Iya nding.Nyong sing cakep ngudu bersukur ternyata ana sing luwih hancur dri pada Nyong."
"Bagus ti cuma sapa sing luwih jelek ketimbang ko?"
"Kowe bin,Tapi aja kawatir cintane Nyong ora bakal luntur."
Ahire Bino karo SIti rangkul-rangkulan.Bino sing esih katon mringis -mringis sangat menikmati rangkulane Siti sing kenceng nemen.Terharu ngerti Bino cinta karo sayang banget karo siti...

TRAGEDI KLONENGAN
Dina minggu pasar sing biasane sepiawan kue rame banget.Mambu campr-campur mulai krasa nyampe maring cungure sapa bae sing saat kue ora lagi pilek.Ana mambu petek,terasi,runtah sing numpuk sepinggir pasar dadi pemandangan biasa.Jasa angkutan ya akeh nemen.Ana becak,angkot,tukang ojek,kuli panggul wis siap-siap nein servis sing paling apik nggo pelanggane.Sing paling katon nyolok tukang bcake katon enom kabeh.Ndean kue salah siji prsaingan sing berlaku ning pasar.Ma,lim bae tukang ojegge wis madan tua-tua.
"Becak Mba..?"
Salah siji tukang becak nawarena jasane maring muda-mudi sing kaon kabotan nggawa barang-barange.Sawise barang-barange munggah karo penumpange,tukang becak langsung nggenjot becake.Saking ngebute penumpang becak katon mringis-mringis kegilanen weruh tukang becak nggawa becake ngebut kaya setan.Lah penumpang sing ngerti pasti ora gelem numpak becak sing reme di gawe nggo sandal jepit.
"Mas,daneng sandal jepite gari setengah.Nggo gawe sumpel pedasan yah..?"
"Oh,nggo gawe rem becak mas."
"???????????"
Penumpang nembe sadar nek rem becak sing lagi ditumpaki gawene kanggo sandal jepit.Tukang becak terus nggenjot becake.Kringet katon mili ning raine.Penumpang sing lagi asik pacaran ora medulikena tukang becak sing maning-manibg ngelap kringete dewek nggo anduk sing madaan tritipen.Pas ning dalan rata penyakite tukang bcak kambuh.Jiwa mudane muncul maning.Sakuat tenaga becake di genjot sampe-sampe kecepatane ngluwihi ambulan sing nggawa mayit.
Sementara penumpange sing lagi asik pacaran cuek weruh tukang becak sing nggawa becake ugal-ugalan.Weruh keadaan sing aneh meneng-meneng tukang becak ngintip.Saat kuwe juga tukang becak kaget setengah mati.Dasare nesih enom setrume tangi weruh kejadian sing dilakoni penumpange.
PENASARAN...karo tukang becake sing bar weruh apaan sing dilakukena ding penumpange..???
Gampang ngko takon langsg karo tukang becake nek ceritane wis rampung...
LANJUT CERITANE....
"aWASSSSSSSSSSSSSSS.."
Tukang becak sing kaget langsung ngerem becake.Tapi sial becake ora gelem mandeg.
"Brukkkkkkkk."
Becak sing lagi ngebut nabrak klonengan sepur.Karuan bae penumpange langsung keurugan becak sing kation ngatang-ngatang ning tengah dalan sepur.Sementara tukang becake katon nyangkol nig klonengan sepur mbari mringis-mringis.Ban buru becake esih katon muter.Mbari mrangkang,tukang becak maring becak sing esih nggletak ning tengah dalan sepur.Penasarane muncul,bisane becake direm ora gelem mandeg.Pas weruh reme entek dikrikiti tikus tukang becak nembe kemutan.Mbengi kue pas sadurunge ndandani rem deweke nembe mangan Kmpit cuma urung sempet ngumbahi tangane keburu nyekel rem sing i gawe sing sandal jepit.Karuan bae rem sing digawe sing sandal jepit wengi kue digrumut tikus...???????
Yahhhhhhh Begitulah ceritane tukang becak sing madan teledor.Ndean nek mangan kempit bagi-bagi karo tikus kejadiane ora kaya kue...

Senin, 09 November 2009
CINTA TEKEK
Yah ndean wis pirang-pirang dukun sing wis ditekani Bino nggo ngilangena perasaan gelisah sing wis dirasakena Bino selama seminggu.Mbuh dukun apa sing di tekani Bino sampe-sampe dukun sepuluh ditekani.
"No,sebenere dukun sapa bae sing wis ko tekani..?"
"Ana dukun anak,dukun,pijit,dukun santet,dukun kemat...?"
"Akeh temen sihhhhhhh...Tapi masalahe ko apa..?"
"Sebenere masalahe Nyong kue ragu bae apa Inda seneng karo Nyong apa belih...!"
"Wahhhhhhhhh...dasar repot angger lagi jatuh cinta.Lah kadang-kadang kaya Bino kue.Masa ora wani ngomong seneng kariInda tekane karo dukun beranak..."
Dimas madan mikir-mikir mbari ngupil.Mbuh ta upile kena apa ora,tapi dasar kenikmatan tersendiri nek ngupil olihe akeh.
"Nah Bin,ko kemutan TEKEK ora...?"
"Lah bisane ujug-ujung anjoge TEKEK...Mas.?"
"Ko kemutan mbok pas gemiyen Ratno bingung nembak Lastri...?"
"Tapi nggolet TEKEKE nang endiiii...Ko mbok saiki ngerti krungu TEKEK moni bae wis beruntung banget...."
"Ah,nang kebone Nyong esih sering krungu.Kapan ko ana waktu..."
"Sacepate,saiki ya kena.NYong wis bener-bener ora bisa turu gara-gara masalah kue."
"Ya wis...tapi NYong ganti kolor disit yahhhh...."
"Ya ora suwe yahhhhh."
"Sip..."
Pirang menit Dimas metu nggo kolor sing madan-madan kendor.
Dimas karo Bino mlaku nglewati kali,galengan,lostrong sing biasa nggo liwat Kebo.
"Hup..."
"Ana apa Bin...?"
"Krungu sesuatu ora?"
"Ya Bin cuma apa yahhhhhh...?"
"Dienteni bae."
Pirang menit Bino karoDimas meneng nang glontoran.Bocah loro kaget pas ngerti sing mlayu kue Celeng....
"celeng...."Bino njerit saolihe
Dimas sing krungu langsung nggantung ning oyod kayu cecek.Raine dimas ndadak dadi pucat weruh celeng gede-gede nemen....
"Aduh ampun Bin,padahal Nyog ora pengi weruh celeng sing ke dua kaline mening..."
"Hahahaha....Pasti Ko kemutan pas ngapel karo Nyong papagan karo celeng ning PEjaten."
Sawise Bino karo Dimas tenang bocah loro langsung mlaku maning.Pirang menit kemudian Bino karo dimas nyampe kebone Dimas sing isine alang-alang karo riut.
"Wah pantes Mas,nang kene akeh celenge.."
"Bisane?"
"Lah kebone ko akehbanget SUDUNGE"
"Ya wis aja suwe-suwe yah!"
"Tergatung TEKEKE monine cepet apa ora."
Sawise ngomong tiba-tiba suara TEKEK moni.Kontan Bino langsung ngetung.
"Cinta...Tidak...Cinta...TiDak...Cinta...Tidak...Cinta..."
Bino langsung mletik-mletik kesenengen sawise etungan terahire olih cint.Saking senenge Bino ora sadar nerak Sudung celeng sing lagi ngiring anak wolung gluntung.otomatos Bino langsung kaget werung celeng sing lagi ngiring ngamuk ngejar Bino kao Dimas.Kontan bocah loro mlayu sewawan-wawan neraki galengan song isine wit bodi.Sawise nang tempat aman bocah loro mandeng ngos-ngosan kakeselen.
Wengi-wengi Bino nekani umahe Inda nggo ngomongena prasaane Bino maring Inda.
"In,olih ra Nyong ngomong sesuatu."
"Ngomong bae emange arep ngomong apa...?"
"Jujur sabenere Nyong wis pengin banget ngomong karo kowe.."
"Iya ngomong bae..."
"Kaya kiye IN,sabenere Nyong seneng nemen karo ko.."
"HAaaaaaaaaa...Seneng karo Nyong...?"
"Iya ana sing salah."
"Ora ana sih,cuma ko gelem ora ngetung monine Tekek sing biasa krungu ning umahe Nyong."
"OK...."
Pirang meni bocah loro meneng.Hampir jam snga tapi Tekek sing dimaksud Inda ora moni-moni.Pas Bino arep balik tiba-tiba tekek moni...
"Cinta...Tidak...Cinta..."
Bino langsung mletik kesenengen ora karu-karuan.Inda sing weruh sipate Bino gemuyu ngakak.
"No...Bisan ko gelem bae tak prentah ngetung monine Tekek..."
"Karna Nyong yakin ko kuwe seneng karo Nyong."
"Bin,sebenere ora lewat monin Tekek Nyong Wis seneng ko awit esih SD."
"beneran bisane ora ngomong..."
"Soale tiap ngetung suarane Tekek pasti tibane Tidak,makane nyong mendem perasane Nyong."
"Ya wis mulai saiki,aja ana cinta Moyet maning,saiki anane cinta Tekek..."
YAHHH kue cerita BIno sing rela nggoleti cintane lewat suara TEKEK...Muga-muga bae aja ana cinta kancing petet.MAksude aja nggolet cinta ngetungi kancing klambine dewek...KAKAKAKA

"Lah kebone ko akehbanget SUDUNGE

Langganan:
Postingan (Atom)